Rabu, 07 April 2021

Pariwara Radhio

 

3. Pariwara Radhio

Iklan ing radio due cakrik (karakteristik) kayata :

a.   Theater of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesen kang ndadekake pamiyarsane duwe angen-angen (imajinasi) tumrap pariwara kang dirungokake.

b.  Pribadi, tegese pariwara radhio pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarsane

 

Pariwara radhio iku lumrahe mung diwartakake satleraman. Mula saka iku panulise teks pariwara becike :

·         Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang. Tembung kang digunakake yaiku tembung lan ukara kang gampang ditampa. Amarga kang dituju iku pangrungone dudu panyawange.

·         Nulis minangka wujud komunikasi langsung. Mula kudu fokus marang pamiyarsane oa menyang liane.

·         Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane. Mula kudu nuwuhake rasa kekraban komunikasi personal. Carane :

-          Nyingkiri nulis kanthi sesorah

-          Swara tulisan kudu mujudake swasana informal

-          Naskahe kudu nyipta swasana akrab

-          Naskahe kudu komunikatif. Satema, saukara, cekak lan aos

-          Nulis kanthi ancas langsung dipahami. Mula aja kedawan ukarane

-          Tembung ngemu kasunyatan lan aja nggunakake tembung-tembung kang meh padha pangucape

Pariwara radhio iku nggunakake swara manungsa, musik, jingle, efek swara.


4.      Pariwara TV

Cakrik pariwara TV yaiku :

·      Pesen saka produk yaiku audio, visual lan gerak. Mula ora mung ing babagan tulisan/naskah nanging tampilan kang narik kawigaten iku kang disenengi

·      Piranti ing pariwara TV luwih genep tinimbang pariwara radhio


Tuladha Pariwara :










Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...