Rabu, 21 April 2021

WULANGAN 9 SENI PAGELARAN JAWA

 

WULANGAN 9

SENI PAGELARAN JAWA

 

A.     Teks Eksposisi

Teks eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep bab sawijininng objek, sabanjure pangreten pamaos bias mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulise iki bias ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi. Sumbering bisa saka asil pengamatan, panaliten, utawa pengalaman.

 

1.         Bab kang diinformasekake ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:

·      Data faktual;

·      Sawijining analisis utawa penapsiran obektif marang saprangkat fakta;

·      Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.


2.        Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon:

·      Kepriye sawijine pakaryan?

·      Kepriye sawijine dumadi?

·      Objek utawa bab iki klebu tahap kang endi?

·      Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap-tahap endi wae?


3.        Eksposisi kudu ngemut perangan-perangan kaya andharan iki.

·      Jlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan;

·      Mrelokake fakta kang diakuratke utawa dicethakake kang angka, peta statistikgrafikorganigram, gambar, lan sapiturute;

·      Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta;

·      Nggoleki sumber ide saka: pengalamanpengamatansikap, lan keyakinan.


4.        Pathokan panulise eksposisi.

·      Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.

·      Isi eksposisi ora duwe karep ngundang redaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.

·      Gaya eksposisi kudu infromatif lan nyakinake.

·      Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.

·      Ing eksposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pembuktian).

·      Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangertene pawongan marang objek kang dirembug.

·      Panulis eksposisi kudu ngerti prastawa kang diandharake.

·      Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.


5.        Jinise wacana eksposisi:

·      Eksposisi definisi

·      Eksposisi proses

·      Eksposisi klasifikasi

·      Eksposisi ilustrasi (conto)

·      Eksposisi perbandingan lan pertentangan

·      Eksposisi laporan


I.      Purwakanthi

Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda / tembung kang kapisan nggandheng wanda / tembung ing saburine.

Tuladha :

Kudu jujur yen kowe kepingin makmur

Ana dina ana upa, ana awan ana pangan

 

Purwakanthi ana werna telu, yaiku :

a.  Purwakanthi guru swara

Yaiku purwakanthi kang runtut swarane.

Tuladha : Watake putri kudu gemi, nastiti lan ngati-ati

               Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon

               Yen gelem obah bakal mamah

 

b.  Purwakanthi guru sastra

Yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane

Tuladha :

Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon

Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebet

Sluman slumun slamet

 

c.   Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa

Yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake.

Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.

Tuladha :

Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.

Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.

Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.


II.      Parikan

Parikan yaiku tetembungan kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.Tembunge liya parikan iku nerangkening tembung kang aweweton gunggunging wanda, runtuting swara (vokal) lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud).

 

Ciri-ciri Parikan :

·      Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.

·      Ukara kang ngarep mung kanggo berbuka,dene ukara sabanjur minangka isi.

·      Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho

·      Parikan bias kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bias patang gatra

·      Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra & uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra.

 

Tuladha :

Parikan kedadeyan saka rong gatra

·      Wajik klethik, gula jawa

Kalah dhisik, ora papa

·      Kutha kendal, kali wungu

Ajar kenal, karo aku

·      Ngasah arit, nganti landhep

Dadi murid kudu sregep

 

Parikan kang kedadeyan saka patang gatra

·      Bibi Surip tuku klobot,

Pethuk encik tawa roti

Uwong urip pancen abot,

Mula becik ngati-ati

·      Jangan kacang jangan kara

Kaduk uyah kurang gula

Piwelingku mring pra mudha

Aja wedi ing rekasa


III.      Wangsalan

Unen-unen / tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung nggone ngandhakake ora kanthi melok, jelas / cetha, nanging sarana disebutke sawanda / luwih.

 

Tuladhane :

a.   Jenang gula, kowe aja lali (jenang gula iku arane glali, mula bisa dadi tembung lali)

b.  Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh (janur gunung iku arane aren, mulo bias dadi tembung kadingaren)

c.    Jangan gori, nganti judeg anggonku ngrasakake (jangan gori iku arane gudheg mula bisa dadi tembung judheg)


IV.      Basa Rinengga

    Basa rinengga yaiku Basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten & nyenengake, sarta basa kang edi peni.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...