Minggu, 25 April 2021

TEKS PANATACARA

 

WULANGAN 8

TEKS PANATACARA

 

1.      Pangertene Panatacara

Panatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka panatacara pambywara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC).

 Pranatacara kuwi sawijining paraga (wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale.

 

2.      Perangan teks panatacara

Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:

a.   Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.

b.  Puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad

c.   Sapa aruh. Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.

d.  Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.

e.  Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak

f.   Salam penutup.

 

3.      Unsur-unsur panatacara

Sarat Panatacara

Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:

a.   Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe

b.  Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini

c.   Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong

d.  Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.

e.  Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu

f.   Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa

g.  Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman

 

4.      Teknik maca panatacara

Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.

a.   Nggunakake pangucap kang trep

b.  Pamedhote ukara kang trep

c.   Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

d.  Ngreteni tandha wacan kanthi trep

e.  Swara kang cetha

f.   Ngatur alon lan cepete pamaca

g.  Ngolah treping mlebu wetuning napas

h.  Mahami wacan

i.    Percaya marang dhiri pribadi

 

5.      Tuladha Teks Panatacara

 

PAHARGYAN PENGANTEN

Ass. Wr. Wb

Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkat  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.

Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.

Dene  wigatosing  sedya,  Bapak…….sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha  nakmas…………, putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..

Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

a.    Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.

b.    Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.

c.    Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.

d.    Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.

e.    Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.

f.     Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.

Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agama  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...