Minggu, 30 Agustus 2020

NILAI-NILAI CERKAK

 


 NILAI-NILAI CERKAK


3. Nilai-nilai kang kamot sajroning cerkak

·      Nilai budaya iku ana sesambungan karo pamikir, pakulinan, lan asil karya cipta

·      Nilai sosial iku ana sesambungan karo tata laku pasrawungan ing antarane pawongan siji lan liyane.

·      Nilai moral iku ana sesambungane karo tumindak becik lan ala kang minangka dhasar panguripan manungsa lan masarakat

·      Nilai religius/keagamaan iku ana sesambungane karo tuntunan agama lan kapercayan.

·      Nilai pendidikan/edukasi iku ana sesambungan karo owah-owahan tingkah laku saka ala dadi becik.

·      Nilai estetis/keindahan iku ana sesambungane karo bab-bab kang narik kawigaten, kaendahan, seni utawa nyenengake

·      Nilai etika iku ana sesambungane karo sopan santun lan subasita ing bebrayan

·      Nilai politis iku ana sesambungane karo pamarentah

·      Nilai kemanusiaan iku ana sesambungane karo sipat-sipat manungsa, lan sapiturute.

 

4.  Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkesan cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :


·                          Tema = gagasan pokok, pokok crita

·                            Latar = papan lan wektu dumadine prastawa

·                            Alur = lakuning crita

·                           Penokohan = paraga crita


Saka karangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis.


5. CONTOH CERKAK 

BALAPAN MOTOR


Ing jaman saiki akeh bocak ciliki seng wes pada iso numpak motor. Salah sijine Aji. Aji ingkang umure sawelas tahun lan lungguh ning kelas lima SD. Amergo wes tau ngrasakke kepenake numpak motor, saiki dadi kebiasaane Aji yen dolan-dolan mesti nganggo motor.

Nanging miturut Negara, sing olih numpak motor iku tiyang ingkang wis duweni SIM utowo “Surat Ijin Mengemudi”. Ing wayah sore, kancane Aji seng jenenge Fatih marani ning omahe .

“ Ji, Aji…. Aji ….” Fatih nyeluk karo bengak bengok ning ngarep omah.

“ Woi,,, sedilut “ kandhane Aji saka njero omah.

Let sadelo, ana suara pating gadebuk kaya ana lindu teko dirasake Fatih.

“Wah,,,, nembe teko, ngopo ae Ji kok suwe banget ?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.

“He.. he.. he… lagi wae madang wenak, Alhamdulillah wareg !!” jawabe Aji.

“ Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike!! tugas PR sekolah wes mbok rampungke durung Ji ? “ pitakone Fatih.

“Uwes rampung  ,, aman. Ana apa kowe dolan rene sore – sore Tih ?” pituture Aji.

“Mergo tugase wes mari, ayo mubeng-mubeng Ji  nganggo motor. Engko balapan wes, gelem ora ?” jawabe Fatih karo cengar cengir.

“Ayo,, sopo seng wedi !! paling koe seng kalah”

‘Wehh, ojo sombong Ji. Ayo dibuktekake bareng-bareng.” Ngajake Fatih

Sak banjure Aji melbu ing garasi, nyiapke lan ngetoake motore. “Trengg…. Teng,,, tengg… tenggg” suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget.

“Siap rung Tih ?” pitakone Aji sing wes siap arep balapan.

“Siap ji.” Jawabe Fatih

“Siji…. Loro….. telu….”

Treng,,,,,,,   trengg…. Trengg….. tengg Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montor mubengi dalan desa. Wong loro iku pada salip-salipan kaya balapan motor tenanan.

Ing dalan pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ana bakul pentol ing lawan arah. Aji kaget sak nalika, dheweke bingung lan gugup.  “Lik… lik … lik awas minggir.”

Grubyukkkkk,,,,, klontang,…. Tlepok … tlepok…. Pentol seng ana ing rombong pada kuthak kabeh ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi gugup lan pucet.

“Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku khutah kabeh, terus piye lek ngeneki ?” pituture bakul pentol karo nesu.

“Kulo nyuwun ngapunten Pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji ingkang kaweden.

“Saiki daganganku uwis ora iso di adol maneh, amerga wes kuthah kabeh. Kowe kudu ngijoli duit”

“Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta nggeh Pak,” panyuwune Aji.

Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijoli dagangane tukang pentol kang uwis ditabrak mau. Sakwise kejadian kasebut, Aji lan Fatih uwis ora wani numpak motor banter-banter maneh.


1 komentar:

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...