Rabu, 12 Agustus 2020

NILAI-NILAI NOVEL BASA JAWA

 

3. Nilai-nilai kang kamot ing novel

a. Nilai sosial

Nilai sosial iki kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.

 

b. Nilai etik

Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa nguwongke pamacane.

 

c. Nilai hedorik

Nilai hedorik iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing sajroning crita.

 

d. Nilai spirit

Nilai spirit iki surasane bisa ngadepi sikep urip lan kapitayane pamaca. Mula pamaca duwe kapribaden kang pracaya marang dhiri pribadine dhewe.

 

e. Nilai koleksi

Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kapingin nduweni novel iku.

 

f. Nilai kultural

Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya.

 

4. Jinis Novel Hiburan

Novel hiburan iki minangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane saperangan gedhe mung gegambaran samar/fantasi penulise.

Novel hiburan uga nyritakake bab-bab kang endah, kayata katresnan, wewangunan endah, papan panggonan kang endah lan liyane.

Novel hiburan iki uga ngemot babagan komersial. Novel iki uga disenengi ning masarakat umume, saka bocah nganti tuwa.

a. Jinis novel hiburan, kayata :

·      Novel detektif

·      Novel roman

·      Novel misteri

·      Novel gotik

·      Novel kriminal

·      Novel fiksi ilmiah

 

b. Irah-irahan novel kang basa Jawa :

·      Priayi Abangan : Sapardi Djoko Pramono

·      Putri Tirtagangga : Any Asmara

·      Mungsuh Sandi : Basoeki Rachmat

·      Kelangan Satang : Suparto Brata

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...