Minggu, 23 Agustus 2020

TEKS CERITA CEKAK (CERKAK)

 

WULANGAN 2

TEKS CERITA CEKAK (CERKAK)

 

Ing wulangan iki bakal disinaui patuladhan kang becik lumantar karya sastra awujud cerita cekak (cerkak).

 

1. Pengertene Cerkak

Cerkak utawa cerita cekak yaiku crita sing cekak. Crita cekak diwaca mung sedhela terus rampung.

Crita cekak iku kang dumadi saka alur siji. Tegese paraga siji lan sijine nduwe masalah utawa konflik.

Crita iku dumadi adhedasar saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa. Sajroning kedadeyan iku ana paraga (pirang-pirang paraga) lan paraga iku nglakoni sawijine utawa rerangkening konflik utawa cecongkrahan. Cerkak iku tuturan kang ngandharake sawijining prastawa utawa kedadeyan.

 

2. Unsur Crita Cekak

Bab intrinsik ing cerkak (tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang lan konflik), wos surasane crita lan gawe ringkesan.

 

a. Tema

Tema iku minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang ndhasari lakuning crita.

 

b. Latar belakang/Setting

Setting iku minangka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya

 

c. Punjering crita (sudut pandang)

Punjering crita dibagi dadi 3, yaiku :

·      Pangrakite (penulis/pengarang) nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembung dhewe.

·      Pangrakite nggunakake sudut pandang paraga bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pangrakite biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).

·      Pangrakite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake lan ngerti.


d. Alur/Plot

Yaiku rerangkening kedadeyan ing crita. Alur dibagi dadi 2 yaiku alur maju lan alur mundur. Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedasar kronologi tumuju ing alur crita. Alur mundur yaiku dumadi kang ana sesambunge karo prastawa kang lagi dumadi.

 

e. Penokohan

Yaiku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku

 

f. Konflik

Yaiku perkara kang dadi punjere crita

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...