Minggu, 20 September 2020

TEKS PAWARTA

 

WULANGAN 3

TEKS PAWARTA

 

1. PENGERTENE PAWARTA

Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.

 

Warta ing kamus Basa Jawa(2001) tegese kabar. Wong kang golek warta kasebut wartawan.

Pawarta iku bisa kagiyarake lumantar medhia cithak, umpamane koran, uga ing medhia elektronik umpamane radhio lan televisi.

 

Sawijining informasi kang karacik sajroning pawarta padatan ngandhut informasi kang wigati (penting). Informasi sing wigati mau sinebut pokok informasi.

 

Ukara-ukara sajroning informasi dibedakake dadi rong jenis yaiku fakta lan opini. Fakta yaiku andharan kang asipat nyata kaya gambar, photo, tabel lan grafik. Opini yaiku andharan kang anyar winates panemu, pamikir lan panjangka kang durung kelakon. Opini = pendapat.

 

Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor iki :

·      Tinemu ing akal (penalaran logis)

·      Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H

·      Struktur basa trep

·      Diksi trep ora ambigu

·      Narik kawigaten

·      Basa kang nengsemake

 

Pawarta sing sipate nonformal (non berita) bisa ditegesi minangka informasi kang asipat panglipur, nanging ngandhut kawruh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...