Rabu, 23 September 2020

TEKS SESORAH

WULANGAN 3

TEKS SESORAH

 

1. Pengertene Sesorah/Pidhato

Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir lan sapanunggale.

 

Peprincening medhar pangandikan iku kaperang dadi pirang-pirang perangan.

a.   Hamedhar pangandikan kang asipat mratelakake informasi

b.  Hamedhar pangandikan kang asipat hiburan

c.   Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut marang para pamiyarsa

 

2. Perangan Sesorah

Perangan sesorah/pidhato ing antarane yaiku :

a. Pambuka

Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh lan ngucapke syukur marang Gusti

Contone :



b. Surasa/Isi

Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah

Contone :



c. Wasana/panutup

Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane. Sebanjure ngaturake pangajak marang kabecikan, banjur dipungkasi ngaturake kaluputan anggone ngandharake lan salam panutup.

Contone :


3. Unsur-unsur Sesorah/Pidhato

Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/pidhato yaiku 5W + 1H, yaiku :

·      What      : kadadeyan apa sing diwartakake utawa kabarake

·      Who       : sapa sing terlibat ing kadadeyan iku

·       When     : kapan kadadeyan ing warta iku

·      Where   : ing ngendi kadadeyan

·      Why      : ganeya bisa kadadeyan kaya mengkono

·      How      : kepriye kadadeyane





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...