Minggu, 27 September 2020

Perangan Pawarta

2. Perangan Pawarta

Perangan pawarta ing antarane yaiku :

a. Headline (judul/irah-irahan)

Headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo :

·      Nggampangake pamaca ngreteni pawarta kang bakal diwaca

·      Nuduhake pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar

b. Deadline (batas wektu)

Deadline yaiku nuduhake papan kedadeyan lan jeneng media massa.

c. Lead (teras pawarta)

Lead biasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapbisan. Bab iku tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta lan nggambarake sekabehane pawarta.

d. Body Language (surasane pawarta, bahasa tubuh)

Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos lan cetha.

 

3. Unsur-unsur Pawarta

·      What      : kadadeyan apa sing diwartakake utawa kabarake

·      Who       : sapa sing terlibat ing kadadeyan iku

·      When     : kapan kadadeyan ing warta iku

·      Where   : ing ngendi kadadeyan

·      Why      : ganeya bisa kadadeyan kaya mengkono

·      How      : kepriye kadadeyane

 

4. Sifat Pawarta

a. Aktual (anyar)

Bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas

b. Jarak (adoh-cedak)

Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing sakiwa tengene tinimbang pawarta saka papan liyane.

c. Penting

Sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang penting amarga bisa ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung

d. Akibat

Sawijining bab dadi pawarta yen ndadekake ngowahi kahanan

e. Congkrah/konflik

Pamaos luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane cecongkrahan

f. Trintim (ketegangan)

Tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakan

g. Kemajuane inovasi utawa owah-owahan teknologi

Pawarta kang kekinian luwih narik kawigaten pamaose

h. Emosi

Sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela

i.  Humor

Gawe sengsem, mesem lan guyu

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...