Minggu, 04 Oktober 2020

NILAI PAWARTA

 

5. Nilai Pawarta

Ngenani nilai pawarta, ana pengerten kang ngandharake 4 nilai pawarta (Syamsul M. Romli), yaiku :

a.      Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa bisane ngandharake sawijining bab/prastawa kang anyar.

b.     Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata, panemu, lan pratelan sumber pawarta

c.      Penting, yaiku sesambungan karo wong akeh

d.     Menarik, yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane

 

6. Etika Nulis Pawarta

·      Obyektif

Ing babagan iki panulis ora kena martakake pawarta dikantheni kepentingan pribadhi lan sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.

·      Cover Both Side

Pawarta iku kudu imbang aja abot sisih, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak kang ana sesambungan langsung karo pawarta kasebut

 

7. Teknik Nulis Pawarta (Tahap)

a.   Pengorganisasian / nglompokake fakta utawa data. Data ing kene bisa awujud wawancara, kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis

b.  Nemtokake teras berita (lead)

c.   Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingukake pamiyarsane.

d.  Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan

 

Pawarta kang tinulis nganggo ragam ngoko lan krama.

·      Ngoko Lugu

Tuladha :

1.   Yen mung kaya ngono wae, aku mesthi ya bisa !

2.  Kowe kulina turu awan?

3.  Akeh wit aren kang ditegor


·      Ngoko Alus

Tuladha :

1.   Panjenengan sida tindak menyang kantor ora?

2.  Dhik, koran iki tulung diaturke Pakdhe ya

3.  Yen sida kondur dina iki aku ora isa ndereke, Dhi


·      Krama Lugu

Tuladha :

1.   Panjenengan nopo empun nate kesah dateng Purwokerto?

2.  Yen purun, pundhutke sega gandhul saporsi mawon


·      Krama Alus

Tuladha :

1.   Para miyarsa, wonten ing giyaran punika badhe dipun aturaken Tari Lengger

2.  Kula piyambak ugi kuwatos dipunwastani naming ngadang konang

3.  Bapak sampun ngendika bilih kanisthan punika kawitan saking tumindak culika

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...