Rabu, 03 Maret 2021

TEKS IKLAN

WULANGAN 8

PRASTAWA WIGATI



1.  Pengertene Pariwara/Iklan

Pariwara/iklan iku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung.

Bab kang perlu digatekake nalika gawe pariwara yaiku :

·                Ukarane cekak aos

·                Basane prasaja gampang ditampa lan dipahami

·                Tulisan lan gambare narik kawigaten

 

2.  Pariwara tinulis (cara panggawene)

a.   Gawenen tampilan (layout) kang prasaja/sederhana. Tampilan kang prasaja yaiku fokus, imbang/simetris, ukuran, wujud, garis, tipografi kang narik kawegaten.

b.  Desain werna

Pamilihing werna kang pas ndadekake pariwara iku nyenengake. Carane :

·      Olahen werna dadi werna kang bisa narik kawegaten

·      Gawenen werna kang kontras

c.   Headline lan isi utama desain

Gampang anggone maca pariwara dadi babagan kang penting. Babagan visual bisa digawe mengkone.

d.  Gaya tulisan

·      Italic utawa miring: menehi kesan aksi, cepet, progesif

·      Aksara kapital: konservatif, menehi kesan formal

·      Huruf kecil: menehi kesan ramah lan asor

·      Aja nggunakake aksara kapital ing isi utama utawa nggunakake font berukir

·      Bayangan menehi kesan 3D ing tulisan

·      Tulisan script menehi kesan feminim

·      Aksara kandel menehi kesan maskulin

·      Gunakna tipe huruf font kang jumbuh kanggo pariwara. Aja nggunakake maneka warna tipe huruf font. Diwatesi udakara 3 utawa 4 tipe huruf font.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...