Senin, 08 Februari 2021

WAYANG LAN TATA LAKU UTAMA

 WULANGAN 7

WAYANG LAN TATA LAKU UTAMA

 

1.  Pengertene Wayang

Wayang yaiku sawijining wujud seni pagelaran kang awujud drama kang khas. Seni kang kamot sajroning pagelaran iki yaiku seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis lan liyane.

Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa karaton. Ana wayang golek kang kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang khlitik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan liya-liyane.

Crita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur kang padha gayut antarane siji lan sijine. Unsur-unsur yaiku paraga, watak, alur, tema, latar, lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita wayang.

Sumbere crita wayang saka Ramayana lan Mahabharata, crita-crita menak, crita-crita Panji, syair-syair satriya (kepahlawanan) utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.

Wayang kulit wis diakuni dening UNESCO minangka kabudayan kang nengsemake lan duweke asli Indonesia ditetepake tanggal 7 November 2003. Wayang kulit ditetepake minangka sawijining warisan kang endah lan berharga.

 

2.  Unsur Crita Wayang

Bab-bab kang mbangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku :

a.   Tema yaiku ide sawijining crita kang bisa makili isining crita (punjering crita)


b.  Latar/Setting yaiku katrangan ngenani papan, wayah utawa wektu, lan suasanane crita


c.   Paraga yaiku tokoh kang ana ing crita wayang lan duweni watak dewe dewe


d.  Alur yaiku urutane kedadeyan ing sajroning crita wayang.

Alur maju yaiku alur sing nuduhake laku progresif (maju).

Alur mundur nyritakake peristiwa flashback, dene alur campuran nyuguhke persitiwa acak, kadang maju lan kadang mundur. 


e.  Pesen yaiku piwulang luhur kang ana ing crita wayang


f.   Punjering Crita/Sudut Pandang yaiku Unsur iki nuduhake papane panulis ing jerone cerita.

Sudut pandang wong kapisan (pertama). Ciri saka sudut pandang iki yaiku nggunakake tembung sesulih wong kapisan: aku/ dak / tak, nyritakake apa sing dilakoni lan ngandharake rasa pengrasa pribadi kanthi tembung aku. 

Sudut pandang wong katelu. Ciri utamane yaiku nggunakake tembung sesulih wong katelu yaiku dheweke / wonge lan sapanunggalane.


g. Gawe Ringkesan/sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita

 

3.       Nilai kang Kamot Sajroning Crita Wayang

·               Tanggap Ing Sasmita/Empati

·               Jujur

·               Mad Sinamadan/Saling Menghargai

·               Tanggung Jawab

·               Keadilan

·               Ngabdi Mring Negara/Loyal Pada Negara

 

4.        Paraga Wayang

Paraga wayang Mahabharata: Pandhawa, Kurawa, Setyaki, Sengkuni, Durna, Bisma, Kunthi, Karna, lan liyane.

Paraga wayang Ramayana : Rama Wijaya, Lesmana, Sinta, Anoman, Dasamuka, Kumbakarna, Wibisana, Sugriwa lan liyane.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...