Kamis, 04 Februari 2021

CRITA RAKYAT

 

     

WULANGAN 7

CRITA RAKYAT

 

1.  Pengertene Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masarakat ing papan iku.

Crita rakyat iku crita saka jaman kuna kang isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman biyen biyasane crita rakyat dicritakake ana ing kalodhangan tinamtu dening wong kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang jemblung lan tukang kentrung.

 

2.  Unsur Crita Rakyat

Padha karo karya sastra crita liyane, unsur-unsur pembangun crita rakyat (tema, latar/setting, penokohan, alur, peen, punjering crita/sudut pandang lan konflik), wos surasane crita.

a.  Tema

Tema iku minangka ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita. Tema crita rakyat kang digunakake kaku, istanasentris, adat istiadat lan mistis. Surasane crita khayal lan fantasi.

b.  Setting

Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot wektu, papan/panggonan lan sosial budaya.

c.   Sudut pandang

Sudut pandang ing crita rakyat yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, kewan lan sapiturute.

d.  Alur/plot

Alur/plot yaiku rerangkenging kedadeyan ing crita. Alur diperang dadi 2 perangan. Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene alur mundur yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.

e.  Penokohan

Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane lan sapiturute.

f.   Konflik

Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen diketokake perkara apa kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten. Sanaya njlimet lan tlesih anggone gawe konflik, ndadekake crita iku ngundhakake kawigatene pandhemene.

 

3.  Karakter Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku perangan karya sastra lisan kang nduweni karakter kaya ing ngisor iki.

·      Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.

·      Kolektif, merga ora kaweruhan sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masarakat bebarengan

·      Dicritakake kanthi lesan

·      Sing nyritakake saka generasi ke generasi

Amarga ciri kasebut crita rakyat gampang owah, sok sapa bisa nambahi mula akeh versi miturut papan utawa panggonan sing nyritakake.

 

4.  Wujud Crita Rakyat

Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan yaiku mitos, legenda lan dongeng.

·      Mitos

Crita mitos dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam daratan, segara utawa langit. Paragane manungsa ekti, dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal kayata bisa mabur, bisa urip ing segara, lan sapiturute.

Tuladha : crita mitos kayata crita Kanjeng Ratu Kidul ing pesisir kidul, Crita Nyai Lanjar ing pesisir lor, crita Alas Krenda Wahana ing Boyolali, Crita Sunan Lawu ing Karanganyar.

·      Legenda

Crita legenda kedadeyan ing bumi lan crita mau kaanggep bener-bener kedadeyan. Biasane crita mau ana patilasanane arupa watu, wit, gunung, kali, lsp.

Tuladha : Crita Baru Klinting, crita kedadeyane Kutha Semarang, kedadeyane Kutha Salatga, crita Joko Poleng ing Brebes, crita kamandaka ing Tlatah Banyumas, crita kedadeyane Padusan Sumber Tuk Cokro Tulung ing Klaten, crita asal usule jeneng Grojogan Sewu ing Tawangmangu, crita Menara Kudus ing Kutha Kudus, lsp.

·      Dongeng

Crita dongeng dianggep crita sing ngayawara, ora bisa diprecaya. Contone Dongeng Sato Kewan, tanduran, gaman, lan sapiturute.

Tuladha : crita kang wis kondang kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, crita Mnanuk Thilang kang becik atine, Semut lan Kupu, lan sapiturute.

 

5.  Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehane. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:

·      Tema : gagasan pokok, pokok crita

·      Latar : papan lan wektu dumadine prastawa

·      Alur : lakuning crita

·      Penokohan : paraga crita

       Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...