Minggu, 24 Januari 2021

PUPUH SINOM

 

WULANGAN 6

SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM

 

1.      Pengerten Sinom

Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.

 

2.      Pathokan Tembang Sinom

 

Guru Gatra

9

Guru Wilangan

8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

Guru Lagu

a, i, a, i, i, u, a, i, a

 

3.      Watake Tembang Sinom

Watake tembang sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat kan cukat trengginas lan sapiturute.

 

4.      Makna Tembang Sinom

Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.

 

5.      Wos Kang Kamot Ing Tembang Sinom

·      Serat wedhatama aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep luruh (wus sengsemreh ngasamun) asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning sepi, ati kang wengis bisa sirna amarga tresna asih (karona karobaning sih)

·      Serat wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran, rasionalitas, utawa intelektual. Bab iku kawujud ing pamawase manungsa dene ngelmu iku kudu lumaku kanthi nalar (logika) (ngelmu iku mupakate lan panemu) lan iku kabeh bisa digayuh kanthi tapa prihatin (pasahe lan tapa).

·      Babagan karakter lan perilaku kang becik (laku utama)

·      Serat wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran (wirya harta tri winasis). Yen manungsa ora duwe salah sijine, mula ora ana gunane dadi manungsa, mala isih kajen godhong jati, tundhane dadi wong kabur kanginan/ ora duwe papan dunung (kalamun kongsi sepi saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa paparingan, ngulandara).

·      Serat wedhatama ngajarake telung perkara kan dadi cagaking penguripan yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti.

·      Serat Wedhatama ngedohi sifat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan, nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan, pengin dianggep pinter senajan bodho, tansah duwe pamrih.

·      Manungsa kag luhur bebudene iku seneng mapn ing papan sepi, reresik jiwa, nanging tansah nglakoni kuwajibane, asifat ruruh, lan gawe seneng atine liyan.

 

6.      Trap- trapan penulise tembang macapat iku:

·      Nemtokake wataking tembang

·      Nemtokake pamilihe tembung

Kaya dene nulis karya sastra liyane, panulise tembang macapat uga milih tembung kang duwe nilai kaendahan supaya karya kang tinulis duwe nilai becik.

·      Nemtokake jinise tembang macapat

Nemtokake jinise tembang macapat kudu wis dijumbuhake karo tema. Jinise tembang macapat wis ana pathokan kang baku, yaiku guru wilangan, guru lagu lan guru gatra. Mula ing trap- trapan iki wis wiwit cetha anggone bakal nulis tembang macapat.

 

7.        Nggancarake tembang tegese ngowahi ukara utawa nambahi ukara ing njero tembang supaya luwih gampang dimangerteni isine. Carane ngancarake tembang yaiku:

·      Nambahi tembung kareben luwih gampang dimangerteni.

·      Ukara kang nganggo basa Kawi utawa Jawa Kuna kudu dijarwakake.

·      Tembung sandi utawa garba kudu diudhari.

·      Ukara kang kaiket nganggo paugeran baliswara kudu diudhar.

·      Menawa ana perlune uga bisa ngilangi utawa nambahi ater- ater, seselan, utawa panambang.

 

8.      Teknik nembang macapat Sinom

Cara membaca dalam melagukan tembang macapat, yakni letak pernafasan ditempatkan pada 4 (empat) suku kata pertama pada setiap baris tembang macapat. Menurut Karsono H. Saputra, interpretasi seperti ini memang tidak seluruhnya salah, sebab kebanyakan – meski tidak selalu- pedhotan petama terletak setelah suku kata keempat tiap larik dalam bait- bait macapat.

 

9.      Contoh Tembang Sinom

Samangsane pasamuan,
Mamangun marta martani
Sinambi ing saben mangsa
Kala-kalaning ngasepi
Lalana teka-teki
Nggayuh geyonganing kayun
Kayungyun eninging tyas
Sanityasa pinrihatin
Pungguh panggah cegah dhahar lawan guling

 

Saben mendra saking wisma
Lelana laladan sepi
Ngisep sepuhing sopana
Mrih pana pranaweng kapti
Tis-tising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu reh kasudarman
Neng tepining jalanidhi
Sruning brata kataman wahya dyatmika

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...