Rabu, 20 Januari 2021

SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH

                                                                    WULANGAN 6

SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH

 

1.      Pangertene Tembang Gambuh

Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukanetembang iki lelagon gandarwa (raseksa)ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh/bakuh (tegas/galak). 

 

2.      Pathokan Tembang Gambuh

Gambuh

Guru Wilangan

Guru Lagu

Guru gatra

7

u

5

10

u

12

i

8

u

8

o

 

3.      Watake Tembang Gambuh

Watake tembang gambuh yaiku supeketing kakaluwargan/akrab, sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan. 

 

4.      Maknane Tembang Gambuh

Tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa sansaya diwasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan bathin, kulawarga lan masyarakat, pribadi karo Gusti. 

 

5.      Wos kang Kamot ing Tembang Gambuh (Wedhatama)

·                  Ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung walaka/apa anane wae, menehi pangapura marang kaluputaning liyan, ngedhohi tindak nistha lan angkara murka.

·             Ngajarake yen manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. Semono uga kudu sabar, tawakal. ikhlas, lila, lan nrima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip iki. 

·                Ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan. Aja waton guneman nanging guneman nganggo waton.

·                Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Diajarake manembah mring Gusti kang kondhang Sembah Catur, yaiku sembah raga, cipta, jiwa, rasa.

·       Sembah Raga yaiku manembah mring Gusti Kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata.

·                 Sembah Cipta (Kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen bisa nindakake kanthi temen bakal rumangsa ayem sajroning bathin.

·            Sembah Jiwa (Sukma) yaiku ngresiki bathin kanthi waspada lan eling. Bab iki bisa kalaksenan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti kang Maha Agung kanthi njaga raga, rassa, lan bathin supaya adoh saka bathin culika lan nistha.

·       Sembah Rasa iku dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad.

 

6.      Tuladha Serat Wedhatama Pupuh Gambuh


Samengko ingsun tutur, 
Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon.

Artinya
Kelak saya bertutur,
Empat macam sembah supaya dilestarikan,
Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!
Disanalah akan bertemu,
tandha anugrah Tuhan.

Sembah raga punika,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.

Artinya
Sembah raga adalah,
Perbuatan orang yang olah batin,
Menyucikan diri dengan sarana air,
Yan sudah biasa lima waktu,
Sebagai rasa hormat terhadap waktu.

Inguni-uni ersua,
Sinarawung wulang kang sinerung,
lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,
mintoken kawagnyanipun,
sarengate elok-elok.

Artinya

Pada zaman dahulu,
Belum pernah dikenal ajaran yang penuh tabir,
Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil rekaan,
Memamerkan kebiasaannya,
amalannya aneh-aneh.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...