Minggu, 24 Januari 2021

PUPUH SINOM

 

WULANGAN 6

SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM

 

1.      Pengerten Sinom

Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.

 

2.      Pathokan Tembang Sinom

 

Guru Gatra

9

Guru Wilangan

8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

Guru Lagu

a, i, a, i, i, u, a, i, a

 

3.      Watake Tembang Sinom

Watake tembang sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat kan cukat trengginas lan sapiturute.

 

4.      Makna Tembang Sinom

Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.

 

5.      Wos Kang Kamot Ing Tembang Sinom

·      Serat wedhatama aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep luruh (wus sengsemreh ngasamun) asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning sepi, ati kang wengis bisa sirna amarga tresna asih (karona karobaning sih)

·      Serat wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran, rasionalitas, utawa intelektual. Bab iku kawujud ing pamawase manungsa dene ngelmu iku kudu lumaku kanthi nalar (logika) (ngelmu iku mupakate lan panemu) lan iku kabeh bisa digayuh kanthi tapa prihatin (pasahe lan tapa).

·      Babagan karakter lan perilaku kang becik (laku utama)

·      Serat wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran (wirya harta tri winasis). Yen manungsa ora duwe salah sijine, mula ora ana gunane dadi manungsa, mala isih kajen godhong jati, tundhane dadi wong kabur kanginan/ ora duwe papan dunung (kalamun kongsi sepi saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa paparingan, ngulandara).

·      Serat wedhatama ngajarake telung perkara kan dadi cagaking penguripan yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti.

·      Serat Wedhatama ngedohi sifat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan, nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan, pengin dianggep pinter senajan bodho, tansah duwe pamrih.

·      Manungsa kag luhur bebudene iku seneng mapn ing papan sepi, reresik jiwa, nanging tansah nglakoni kuwajibane, asifat ruruh, lan gawe seneng atine liyan.

 

6.      Trap- trapan penulise tembang macapat iku:

·      Nemtokake wataking tembang

·      Nemtokake pamilihe tembung

Kaya dene nulis karya sastra liyane, panulise tembang macapat uga milih tembung kang duwe nilai kaendahan supaya karya kang tinulis duwe nilai becik.

·      Nemtokake jinise tembang macapat

Nemtokake jinise tembang macapat kudu wis dijumbuhake karo tema. Jinise tembang macapat wis ana pathokan kang baku, yaiku guru wilangan, guru lagu lan guru gatra. Mula ing trap- trapan iki wis wiwit cetha anggone bakal nulis tembang macapat.

 

7.        Nggancarake tembang tegese ngowahi ukara utawa nambahi ukara ing njero tembang supaya luwih gampang dimangerteni isine. Carane ngancarake tembang yaiku:

·      Nambahi tembung kareben luwih gampang dimangerteni.

·      Ukara kang nganggo basa Kawi utawa Jawa Kuna kudu dijarwakake.

·      Tembung sandi utawa garba kudu diudhari.

·      Ukara kang kaiket nganggo paugeran baliswara kudu diudhar.

·      Menawa ana perlune uga bisa ngilangi utawa nambahi ater- ater, seselan, utawa panambang.

 

8.      Teknik nembang macapat Sinom

Cara membaca dalam melagukan tembang macapat, yakni letak pernafasan ditempatkan pada 4 (empat) suku kata pertama pada setiap baris tembang macapat. Menurut Karsono H. Saputra, interpretasi seperti ini memang tidak seluruhnya salah, sebab kebanyakan – meski tidak selalu- pedhotan petama terletak setelah suku kata keempat tiap larik dalam bait- bait macapat.

 

9.      Contoh Tembang Sinom

Samangsane pasamuan,
Mamangun marta martani
Sinambi ing saben mangsa
Kala-kalaning ngasepi
Lalana teka-teki
Nggayuh geyonganing kayun
Kayungyun eninging tyas
Sanityasa pinrihatin
Pungguh panggah cegah dhahar lawan guling

 

Saben mendra saking wisma
Lelana laladan sepi
Ngisep sepuhing sopana
Mrih pana pranaweng kapti
Tis-tising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu reh kasudarman
Neng tepining jalanidhi
Sruning brata kataman wahya dyatmika

 

Rabu, 20 Januari 2021

SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH

                                                                    WULANGAN 6

SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH

 

1.      Pangertene Tembang Gambuh

Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukanetembang iki lelagon gandarwa (raseksa)ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh/bakuh (tegas/galak). 

 

2.      Pathokan Tembang Gambuh

Gambuh

Guru Wilangan

Guru Lagu

Guru gatra

7

u

5

10

u

12

i

8

u

8

o

 

3.      Watake Tembang Gambuh

Watake tembang gambuh yaiku supeketing kakaluwargan/akrab, sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan. 

 

4.      Maknane Tembang Gambuh

Tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa sansaya diwasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan bathin, kulawarga lan masyarakat, pribadi karo Gusti. 

 

5.      Wos kang Kamot ing Tembang Gambuh (Wedhatama)

·                  Ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung walaka/apa anane wae, menehi pangapura marang kaluputaning liyan, ngedhohi tindak nistha lan angkara murka.

·             Ngajarake yen manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. Semono uga kudu sabar, tawakal. ikhlas, lila, lan nrima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip iki. 

·                Ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan. Aja waton guneman nanging guneman nganggo waton.

·                Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Diajarake manembah mring Gusti kang kondhang Sembah Catur, yaiku sembah raga, cipta, jiwa, rasa.

·       Sembah Raga yaiku manembah mring Gusti Kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata.

·                 Sembah Cipta (Kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen bisa nindakake kanthi temen bakal rumangsa ayem sajroning bathin.

·            Sembah Jiwa (Sukma) yaiku ngresiki bathin kanthi waspada lan eling. Bab iki bisa kalaksenan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti kang Maha Agung kanthi njaga raga, rassa, lan bathin supaya adoh saka bathin culika lan nistha.

·       Sembah Rasa iku dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad.

 

6.      Tuladha Serat Wedhatama Pupuh Gambuh


Samengko ingsun tutur, 
Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon.

Artinya
Kelak saya bertutur,
Empat macam sembah supaya dilestarikan,
Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!
Disanalah akan bertemu,
tandha anugrah Tuhan.

Sembah raga punika,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.

Artinya
Sembah raga adalah,
Perbuatan orang yang olah batin,
Menyucikan diri dengan sarana air,
Yan sudah biasa lima waktu,
Sebagai rasa hormat terhadap waktu.

Inguni-uni ersua,
Sinarawung wulang kang sinerung,
lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,
mintoken kawagnyanipun,
sarengate elok-elok.

Artinya

Pada zaman dahulu,
Belum pernah dikenal ajaran yang penuh tabir,
Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil rekaan,
Memamerkan kebiasaannya,
amalannya aneh-aneh.


Rabu, 06 Januari 2021

AKSARA JAWA

 

PIWULANG 5

AKSARA JAWA

 

Aksara Jawa

Aksara Jawa wis entuk pranyatan resmi saka Unicode, lembaga ing sangisore UNESCO. Pranyatan iki diwenehake nalika tanggal 2 Oktober 2009, bebarengan pranyatan ngenani batik minangka warisan budaya asli Indonesia dening UNESCO.

 

Aksara Jawa lan pasangan 



Contoh penulisan aksara jawa :




Aksara Swara

Aksara Swara yaiku jinis aksara kang digunakake kanggo nulis jinis huruf vokal kang asale saka bentuk tembung serapan kang basa manca supados pelafalane dadi lewih tegas.


Sandangan Aksara Swara



Aksara Mandaswara
Aksara mandaswara uga diaran aksara panyigeg wanda







AKSARA REKAN

 

PIWULANG 5

AKSARA REKAN

 

v   Pengerten Aksara Rekan

Aksara rekan yaiku aksara kanggo nulis tembung ing kang asale saka basa manca, khususe basa Arab.

 

v   Aturan Penulisan Aksara Rekan

Sing kudu digatekna nang penulisan aksara rekan, yaiku:

·      Penulisan aksara rekan bisa disandingna karo sandhangan swara, sandhangan wyanjana lan panyigeg.

·      Ora kabeh aksara Jawa hanacaraka due versi rekan.

·      Aksara Jawa rekan ana lima,  yaiku dza, kha, za, fa/va dan gha.

·      Ora kabeh aksara rekan nduweni pasangan.

 

v   Jumlah Aksara Rekan (Cacah)

Aksara rekan cacahe ana lima, wujude aksara Jawa rekan yaiku:

kha, za,dza, fa lan gha.

 

Contoh penulisan aksara Jawa rekan:




Saka penulisan ing nduwur, aksara rekan meh mirip karo aksara hanacaraka, mung diwei tanda cecak (titik telu) nang nduwur.


v   Pasangan Aksara Jawa Rekan

Aksara rekan kang nduweni pasangan yaiku aksara fa

 

Contoh pasangan aksara rekan :


Saka gambar ing nduwur, mung penulisan aksara fa kang nduweni pasangan sejen.

 

v   Contoh Aksara Rekan

Ing ngisor iki contoh penulisan aksara rekan nang njero tembung.





TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...