Kamis, 12 November 2020

TEKS EKSPOSISI

 

WULANGAN 4

TEKS EKSPOSISI

 

Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane :

1. Lamaran

    Ing acara iki calon penganten kakung dolan menyang kaluwarga penganten putri kanthi ancas nembung supaya gelem dijak omah-omah mbangun bale kaluwarga.

2. Siraman

    Ing acara iki temanten kakung lan putri kadhawuhan adus kanthi ancas reresik raga lan jiwane

3. Midodareni

    Tata cara midodareni iki duwe ancas supaya ing dina pahargyan penganten putri kaya dene bidadari.

4. Srah-srahan

    Ing acara iki kaluwarga penganten kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu anggone bakal duwe gawe mantu.

5. Ijab kabul

6. Upacara panggih

    Acara iki nggunakake kembang mayang kang ancase kanggo tandha yen penganten kakung lan putri bakal sah dadi jodhone

7. Upacara balangan suruh

    Tata cara iki minangka tandha kasetyaning penganten

8. Upacara wiji dadi

    Ing tata cara iki penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah

9. Pupuk

    Tata cara iki dileksanani ibu penganten putri ngusap-ngusap sirah

10. Sinduran

    Tata cara ii dileksanani dening wong tuwa penganten putri minangka tandha yen penganten kakung iku wis ditampa dadi perangan saka keluwarga

11. Timbang

    Tata cara iki penganten sak loronen lungguh neng pangkonane Bapak penganten putri

12. Kacar-kucur

    Wujud duwit logam, beras lan liyane sing dikucurke ing pangkonane penganten putri

13. Dahar klimah

    Penganten sak loronen dahar dulang-dulangan

14. Mertui

    Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi

15. Sungkeman

    Penganten sakloronen sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa

16. Resepsi

    Puncak acara resepsi


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...