Minggu, 25 Oktober 2020

Teks Deskriptif Omah Adat Jawa

 

Wulangan 4

Teks Deskriptif Omah Adat Jawa

 

v   Omah Joglo

Wujud omah tradisional Jawa iku awujud joglo. Joglo iku kontruksi bangunan kang khas ing omah tradisional Jawa kanthi piguna saben perangan kang beda siji lan liyane ngemot unsure filosofi kang ana sambung rapete karo nilai-nilai religi, kapitayan, norma lan nilai budaya.

Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane yaiku :

1. Teras utawa pendhapa

Dumunung ing ngarep dewe, piguna utamane kanggo nampa tamu

2. Pringgitan

Ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit mula dijenengi pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang.

3. Dalem agung

Sering digunakake kanggo keluwarga mula asipat luwih tinutup (privasi).

4. Krobongan/senthong

Ruwangan istimewa kanggo nyimpen wujud pusaka lan piranti aji liyane.

5. Gandhok utawa pawon

Ana ing mburi dewek, digunakake kanggo masak lan kamar mandi.

 

v   Teks Deskripsi

Deskripsi yaiku sawijiningwujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane panulis kanggo menehi pepincren-pepincren saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang lan sapanunggalane).

Karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang maksude kanggo nggambarake objek kang sanyatane.

Wacana deskripsi objektif yaiku salah sawijining jenis karangan deskripsi kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka panulis.

Wacana deskripsi subjektif yaiku anggone nggambarake objek iku dikantheni karo opini saka panulis.

Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku :

1. Kahanan ruang

Tuladha : ruang sinauku, gerbong sepur klas ekonomi, pos ronda

2. Kahanan barang

Tuladha : wong-wong suku Dayak, warna kembang ing Taman Bunga, bis kuning

3. Proses

Tuladha : proses gawe klambi kebaya, budhal menyang sekolah

 

v   Tembung-Tembung

1. Tembung Saroja

Yaiku tembung loro utawa luwih kang tegese padha utawa meh padha lan digunakake bebarengan. Nanging ora nuwuhake teges anyar.

Tuladha :  - Andhap-asor                   - sayuk-rukun

- Budi-pekerti                    - padhang-jingglang

- Japa-mantra                    - gayut-rayut

2. Tembung Garba

Yaiku rong tembung utawa luwih kang didadekake siji kanthi nyuda cacah wandane kang ora ngowahi tegese tembung.

Tuladha :      -   Jalu + estri     =  jalwestri

-    Panas + atis      =  panastis

-    Karya + enak     =  karyenak

-    Madya + ing      =  madyeng

3. Tembung Plutan

Yaiku tembung kang suda cacahe aksara utawa tembunge.

Tuladha :      -   Suwara            = swara

-    Karaton            = kraton

-    Parentah          = prentah

-    Pambiwara        = pambwara

4. Saloka

Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kasamun ing ukara, dadi ora wantah, lumrahe saemper kahanane alam, kewan, utawa tetuwuhanlan kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan tumrap pawongan

Tuladha :

-    Bathok bolu isi madu (pawongan kang aor/kawula cilik, nanging sugih kapinteran)

-    Kebo mulih menyang kandhange (pawongan kang bali menyang asale)

-    Kriwikan dadi grojogan (prakara sepele dadi tenanan)

5. Bebasan

Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang wantah wae ora ngemu teges pepindhan dadi tegese wis cetha, ajeg panggonan lan panganggone.

Tuladha :

-    Teteken tekun bakal tekan sedyane (pawongan kang ngudi apa wae kanthi tenanan bakal kelakon)

-    Becik ketitik ala ketara (sapa kang tumindak becik lan ala punkasane bakal ketok)

-    Rukun agawe santosa crah agawe bubrah (rukun bakal gawe kuwat, dene padudon ndadekake dredah)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...