Kamis, 19 November 2020

Kereta Basa

 

Kereta Basa

Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane utawa nguthak athik tembung supaya mathuk.

Tuladha :

-       Wedang = ngawe kadang

-       Kuping = kaku njepiping

-       Tandur = nata karo mundur

-       Cangkir = nyancang pikir

-       Dubang = idu abang

-       Dhalang = ngudhal piwulang

-       Cengkir = kencenging pikir

 

Baliswara

Baliswara yaiku ukara kang anggone negesi kanthi diwalik.

Tuladha :

-       Anoman sampun melumpat diwalik dadi anoman malumpat sampun, tegese anoman wis mlumpat

-       Putri raja diwalik dadi Raja Putri, tegese putrine raja

-       Putra surya diwalik dadi Surya Putra, tegese putrane Dewa Surya

 

Dasanama

Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha.

Tuladha :

-       Anak = atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga

-       Ati = driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya

-       Bapak = bapa, sudarma, sudarmi, rama, yayah

-       Dewa = apsara,  apsari, bathara, dewata, sura, Hyang, jawata, widadara

-       Gajah = asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman

-       Ibu = biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi

 

Wacana Eksposisi

Yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos, supaya pamaos olih informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pengreten pamaos isa mundhak.

 

Bab kang diinformasikake ing karangan/wacana eksposisi isa awujud :

-       Data faktual, yaiku sawijining kahanan kang kanyatan kedadeyane, ana lan isa asipat histori (isa nyritakna kanthi cetha).

-       Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta

-       Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.

 

Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki.

-       Njlentrehake panemu, gagasan, lan keyakinan

-       Mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kang angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar lan sapiturute

-       Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta

-       Nggoleki sumber ide saka pengalaman, pengamatan, sikap lan keyakinan

 

Pathokan panulise ekspoisi

-       Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan

-       Isi eksposisi ora due karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos

-       Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake

-       Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional

-       Ing eksposisi fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi

-       Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug

-       Panulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang diandharake

-       Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...