Minggu, 25 Oktober 2020

Teks Deskriptif Omah Adat Jawa

 

Wulangan 4

Teks Deskriptif Omah Adat Jawa

 

v   Omah Joglo

Wujud omah tradisional Jawa iku awujud joglo. Joglo iku kontruksi bangunan kang khas ing omah tradisional Jawa kanthi piguna saben perangan kang beda siji lan liyane ngemot unsure filosofi kang ana sambung rapete karo nilai-nilai religi, kapitayan, norma lan nilai budaya.

Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane yaiku :

1. Teras utawa pendhapa

Dumunung ing ngarep dewe, piguna utamane kanggo nampa tamu

2. Pringgitan

Ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit mula dijenengi pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang.

3. Dalem agung

Sering digunakake kanggo keluwarga mula asipat luwih tinutup (privasi).

4. Krobongan/senthong

Ruwangan istimewa kanggo nyimpen wujud pusaka lan piranti aji liyane.

5. Gandhok utawa pawon

Ana ing mburi dewek, digunakake kanggo masak lan kamar mandi.

 

v   Teks Deskripsi

Deskripsi yaiku sawijiningwujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane panulis kanggo menehi pepincren-pepincren saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang lan sapanunggalane).

Karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang maksude kanggo nggambarake objek kang sanyatane.

Wacana deskripsi objektif yaiku salah sawijining jenis karangan deskripsi kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka panulis.

Wacana deskripsi subjektif yaiku anggone nggambarake objek iku dikantheni karo opini saka panulis.

Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku :

1. Kahanan ruang

Tuladha : ruang sinauku, gerbong sepur klas ekonomi, pos ronda

2. Kahanan barang

Tuladha : wong-wong suku Dayak, warna kembang ing Taman Bunga, bis kuning

3. Proses

Tuladha : proses gawe klambi kebaya, budhal menyang sekolah

 

v   Tembung-Tembung

1. Tembung Saroja

Yaiku tembung loro utawa luwih kang tegese padha utawa meh padha lan digunakake bebarengan. Nanging ora nuwuhake teges anyar.

Tuladha :  - Andhap-asor                   - sayuk-rukun

- Budi-pekerti                    - padhang-jingglang

- Japa-mantra                    - gayut-rayut

2. Tembung Garba

Yaiku rong tembung utawa luwih kang didadekake siji kanthi nyuda cacah wandane kang ora ngowahi tegese tembung.

Tuladha :      -   Jalu + estri     =  jalwestri

-    Panas + atis      =  panastis

-    Karya + enak     =  karyenak

-    Madya + ing      =  madyeng

3. Tembung Plutan

Yaiku tembung kang suda cacahe aksara utawa tembunge.

Tuladha :      -   Suwara            = swara

-    Karaton            = kraton

-    Parentah          = prentah

-    Pambiwara        = pambwara

4. Saloka

Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kasamun ing ukara, dadi ora wantah, lumrahe saemper kahanane alam, kewan, utawa tetuwuhanlan kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan tumrap pawongan

Tuladha :

-    Bathok bolu isi madu (pawongan kang aor/kawula cilik, nanging sugih kapinteran)

-    Kebo mulih menyang kandhange (pawongan kang bali menyang asale)

-    Kriwikan dadi grojogan (prakara sepele dadi tenanan)

5. Bebasan

Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang wantah wae ora ngemu teges pepindhan dadi tegese wis cetha, ajeg panggonan lan panganggone.

Tuladha :

-    Teteken tekun bakal tekan sedyane (pawongan kang ngudi apa wae kanthi tenanan bakal kelakon)

-    Becik ketitik ala ketara (sapa kang tumindak becik lan ala punkasane bakal ketok)

-    Rukun agawe santosa crah agawe bubrah (rukun bakal gawe kuwat, dene padudon ndadekake dredah)

Rabu, 14 Oktober 2020

Teknik Maca Sesorah / Pidhato

 

6.   Teknik Maca Sesorah / Pidhato

Pas maca sesorah, kudu nggatekake :

·           Sikep nalika sesorah. Kudu ngadeg jejeg lan antheng

·           Basa kang digunakake bisa dingreteni

·           Swara kudu ngarah-arah

·           Nggatekake tema kang jumbuh karo swasana

·           Swasana utawa kahanan

·           Wayah/wektu

·           Papan

·           Pamireng

 

Sesoran Basa Jawa iku umume tinulis nganggo ragam krama alus. Krama alus yaiku wujud unggah ungguh Basa Jawa kang sakabehe tembunge dumadi saka tembung krama, krama inggil utawa krama andhap.

Tuladha :

-            Katur dumatheng para sesepuh saha pinisepih ingkang satuhu kinabekten

-            Nyuwun tulung kula dipuntumbasaken buku gladen sesorah jangkep

-            Simbah sampun paring pitutur dados siswa kedah miturut lan mituhu dumatheng pangandikanipun guru.


TULADHA MACA SESORAH :

https://www.youtube.com/watch?v=prKEO47ecFo

Rabu, 07 Oktober 2020

Ancas Sesorah

 

4.   Ancas Sesorah

Ancase wong sesorah iku adhakane duwe pangajab kaya ing ngisor iki:

a.      Paring (Nyaosi) andharan lan pangerten marang wong liya kang padha rawuh ngrungokake

b.     Paring (Nyaosi) andharan kang nyenengake kang padha midhangetake, jalaran basane ketok edi lan peni kanthi nggunakake unggah ungguh basa Jawa

c.      Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem midhangetake lan sabanjure gelem manut lan pracaya karo wose andharan kang kababar utawa katurake

d.     Paring (nyaosi) andharan utawa pangerten marang wong kanthi lelewaning basa kang becik, nyenengake lan kepenak dirungokake lan kepengin milut panemune wong liya kang padha midhangetake. (Sutardjo, 2013: 108-112)

 

5.   Patrap Nalika Sesorah

a. Sarira kang kurang mranani (sikap)

Pawongan kang lagi sesorah prayogane ninggalake sakabehane patrap utawa lageyan kang ora becik, yaiku ngadeg kanthi :

-       Lelambaran sikil siji

-       Sikil rapet utawa mbegagah banget

-       Loyo/ora ana semangat

-       Ora jejeg utawa dhoyong

-       Lendehan papan micara/mimbar/meja

-       Kaku kaya wong baris

-       Ora nggatekake tamu

-       Nyekel cagak mike

 

b. Owah-owahan praen kang kurang mranani (ekspresi wajah)

-   Guyu kang digawe-gawe

-   Kerep mesem kang digawe-gawe, mula kaya cengengesan

-       Tansah mbesengut

-       Tansah ndingkluk utawa mengo

-        Gugup

 

c. Owah-owahan sarira kang ora mranani (gerak)

- Kerep mbanda tangan

- Kerep kukur-kukur, ngukur kuping utawa bathuk

- Kerep nginguk cathetan

- Kerep nyekel mike, nyoba mike kanthi disebul

- Tangan ana ing sajroning sak (celana/klambi)

Minggu, 04 Oktober 2020

NILAI PAWARTA

 

5. Nilai Pawarta

Ngenani nilai pawarta, ana pengerten kang ngandharake 4 nilai pawarta (Syamsul M. Romli), yaiku :

a.      Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa bisane ngandharake sawijining bab/prastawa kang anyar.

b.     Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata, panemu, lan pratelan sumber pawarta

c.      Penting, yaiku sesambungan karo wong akeh

d.     Menarik, yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane

 

6. Etika Nulis Pawarta

·      Obyektif

Ing babagan iki panulis ora kena martakake pawarta dikantheni kepentingan pribadhi lan sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.

·      Cover Both Side

Pawarta iku kudu imbang aja abot sisih, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak kang ana sesambungan langsung karo pawarta kasebut

 

7. Teknik Nulis Pawarta (Tahap)

a.   Pengorganisasian / nglompokake fakta utawa data. Data ing kene bisa awujud wawancara, kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis

b.  Nemtokake teras berita (lead)

c.   Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingukake pamiyarsane.

d.  Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan

 

Pawarta kang tinulis nganggo ragam ngoko lan krama.

·      Ngoko Lugu

Tuladha :

1.   Yen mung kaya ngono wae, aku mesthi ya bisa !

2.  Kowe kulina turu awan?

3.  Akeh wit aren kang ditegor


·      Ngoko Alus

Tuladha :

1.   Panjenengan sida tindak menyang kantor ora?

2.  Dhik, koran iki tulung diaturke Pakdhe ya

3.  Yen sida kondur dina iki aku ora isa ndereke, Dhi


·      Krama Lugu

Tuladha :

1.   Panjenengan nopo empun nate kesah dateng Purwokerto?

2.  Yen purun, pundhutke sega gandhul saporsi mawon


·      Krama Alus

Tuladha :

1.   Para miyarsa, wonten ing giyaran punika badhe dipun aturaken Tari Lengger

2.  Kula piyambak ugi kuwatos dipunwastani naming ngadang konang

3.  Bapak sampun ngendika bilih kanisthan punika kawitan saking tumindak culika

 

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...