Minggu, 30 Agustus 2020

NILAI-NILAI CERKAK

 


 NILAI-NILAI CERKAK


3. Nilai-nilai kang kamot sajroning cerkak

·      Nilai budaya iku ana sesambungan karo pamikir, pakulinan, lan asil karya cipta

·      Nilai sosial iku ana sesambungan karo tata laku pasrawungan ing antarane pawongan siji lan liyane.

·      Nilai moral iku ana sesambungane karo tumindak becik lan ala kang minangka dhasar panguripan manungsa lan masarakat

·      Nilai religius/keagamaan iku ana sesambungane karo tuntunan agama lan kapercayan.

·      Nilai pendidikan/edukasi iku ana sesambungan karo owah-owahan tingkah laku saka ala dadi becik.

·      Nilai estetis/keindahan iku ana sesambungane karo bab-bab kang narik kawigaten, kaendahan, seni utawa nyenengake

·      Nilai etika iku ana sesambungane karo sopan santun lan subasita ing bebrayan

·      Nilai politis iku ana sesambungane karo pamarentah

·      Nilai kemanusiaan iku ana sesambungane karo sipat-sipat manungsa, lan sapiturute.

 

4.  Sinopsis

Sinopsis yaiku ringkesan cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :


·                          Tema = gagasan pokok, pokok crita

·                            Latar = papan lan wektu dumadine prastawa

·                            Alur = lakuning crita

·                           Penokohan = paraga crita


Saka karangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis.


5. CONTOH CERKAK 

BALAPAN MOTOR


Ing jaman saiki akeh bocak ciliki seng wes pada iso numpak motor. Salah sijine Aji. Aji ingkang umure sawelas tahun lan lungguh ning kelas lima SD. Amergo wes tau ngrasakke kepenake numpak motor, saiki dadi kebiasaane Aji yen dolan-dolan mesti nganggo motor.

Nanging miturut Negara, sing olih numpak motor iku tiyang ingkang wis duweni SIM utowo “Surat Ijin Mengemudi”. Ing wayah sore, kancane Aji seng jenenge Fatih marani ning omahe .

“ Ji, Aji…. Aji ….” Fatih nyeluk karo bengak bengok ning ngarep omah.

“ Woi,,, sedilut “ kandhane Aji saka njero omah.

Let sadelo, ana suara pating gadebuk kaya ana lindu teko dirasake Fatih.

“Wah,,,, nembe teko, ngopo ae Ji kok suwe banget ?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.

“He.. he.. he… lagi wae madang wenak, Alhamdulillah wareg !!” jawabe Aji.

“ Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike!! tugas PR sekolah wes mbok rampungke durung Ji ? “ pitakone Fatih.

“Uwes rampung  ,, aman. Ana apa kowe dolan rene sore – sore Tih ?” pituture Aji.

“Mergo tugase wes mari, ayo mubeng-mubeng Ji  nganggo motor. Engko balapan wes, gelem ora ?” jawabe Fatih karo cengar cengir.

“Ayo,, sopo seng wedi !! paling koe seng kalah”

‘Wehh, ojo sombong Ji. Ayo dibuktekake bareng-bareng.” Ngajake Fatih

Sak banjure Aji melbu ing garasi, nyiapke lan ngetoake motore. “Trengg…. Teng,,, tengg… tenggg” suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget.

“Siap rung Tih ?” pitakone Aji sing wes siap arep balapan.

“Siap ji.” Jawabe Fatih

“Siji…. Loro….. telu….”

Treng,,,,,,,   trengg…. Trengg….. tengg Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montor mubengi dalan desa. Wong loro iku pada salip-salipan kaya balapan motor tenanan.

Ing dalan pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ana bakul pentol ing lawan arah. Aji kaget sak nalika, dheweke bingung lan gugup.  “Lik… lik … lik awas minggir.”

Grubyukkkkk,,,,, klontang,…. Tlepok … tlepok…. Pentol seng ana ing rombong pada kuthak kabeh ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi gugup lan pucet.

“Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku khutah kabeh, terus piye lek ngeneki ?” pituture bakul pentol karo nesu.

“Kulo nyuwun ngapunten Pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji ingkang kaweden.

“Saiki daganganku uwis ora iso di adol maneh, amerga wes kuthah kabeh. Kowe kudu ngijoli duit”

“Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta nggeh Pak,” panyuwune Aji.

Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijoli dagangane tukang pentol kang uwis ditabrak mau. Sakwise kejadian kasebut, Aji lan Fatih uwis ora wani numpak motor banter-banter maneh.


Rabu, 26 Agustus 2020

CONTOH ANALISIS NOVEL 'JAKA TARUB'

 

JAKA TARUB


Ing desa Tarub, enten mbok rondo ingkang paring asmo Mbok Rondo Tarub. Dhekwene manggon kiambang, mulane Mbok Rondo Tarub banjur ngangkat bocah lanang sing jenenge Jaka Tarub. Mobok Rondo ngurus anak angkat saking wiwit cilik nganti diwasa, kanti seneng kaya anake dewe.

Nalika sampun diwasa, Jaka Tarub tuwuh dadi bocah enom sing rajin nulungi ibune. Jaka Tarub ugo gadah rai seng apik banget. Dhekwene sering mburu kewan ing alas gunakne sumpit.

Katone prayoga lan ndamel bocah wadon katresnan (kecathol), nanging Jaka Tarub mboten purun nginep. Mbok Rondho aring ujar menawi dhekwene kepingin Jaka Tarub Nikah cepet.

 

“Jaka, Mbok njaluk tulung supaya enggal rabi. Umur-mu cukup kanggo mapan mudhun. Wajahmu ya ganteng, saengga gampang golek bocah wdon seng disenengi”. (ujare Mbok Rondho).

 

“Mbok, sakniki Jaka mboten pingin gadah rencang urip. Nek mpun wayahe Jaka tak golek bojo” (wangsulane Jaka Tarub).

 

“Ora apa-apa, yen koyo mengkono seng samian karepke. Mbok mung ndedonga seng apik, marang Joko. Amergo Mbok tresna marang Jaka”. (ujare Mbok Rondo).

 

Nganti sakwijining dinten, Mobk Rondo tiwas amergi lara, lan Jaka Tarub durung kawin. Wiwit cilik mpun ngramut Jaka Tarub, gawe Jaka Tarub sedih. Utamine ngelingi dhekwene durung rabi, nganti Mobok Rondho mati. Banjur Jaka Tarub maleh dadi wong kesed, asring lamaran amergi rumongsa semangat uripe bakal ilang.

Ing setunggaling awan, kaya biasane Jaka Tarub turu ing omahe. Nalika turu dhewekne ngimpi mangan kijang seng lembut lan enak. Nalika tangi, dhekwene kroso luwe lan kepingn mangan dagin kijang. Banjur Jaka Tarub menyang alas kanggo golek kidang.

Damel tumbak, kanti alon-alon ing jero alas mengintai mbok menawi enten kidang. Nanging wes suwe kliaran ing jero alas, dhekwene orang memu kewan masio siji.

Senajan dhekwene wes mlebu neng jero alas sing durng nate ditekani. Amergi sampun ngraos kesel, banjur Jaka Tarub lungguh lan relen ing sawijining watu gedhe. Mboten sadar Jaka Tarub tilem maleh amergi kesel.

Pas tilem kemriyip (sayup-sayup) Jaka Tarub mireng suwara-suwara wong wadon seng lagi guyonan. Dhekwene banjur tangi lan madosi asale suwara niku wau.

“Aku keprungu swarane wong wedok, aku kudu goleki sopo dhekwene?”. (ucape Jakat Tarub neng jero ati).

Sawise nggoleki arah swarane, pungkasane Jaka Tarub ngerti yen swara kasebut saka tlaga. Banjur dhekwene ngumpet ing mburine watu gedhe pinggire telaga. Sangking mburi watu kasebut, Jaka ndeleng enten 7 wadon seng ayu banget lagi adus. Dhekwene kaget heran, kepiye carane bisa ana pitu wanita seng ayu bisa dus ing tengah alas.

“Aneh banget, sapa dhekwene? Nopo kok dhekwene bisa ing tengah alas seng kandel”. (ujar Jaka tarub ing jero ati).

Pitu wanita kasebut pancen ayu banget. Jaka ora tau ndeleng wanita seng rupane ayu, koyo bidadari niku. Mula Jaka Trub kepingin nikah kalih salah setunggaling wanita kasebut.

Bareng weruh enten selendang 7 sing enten ing pinggir telaga. Banjur Jaka Tarub mendet setunggal selendang, banjur didelekne.

”Aku kepingin nikah, kalih salah setunggal sangking bidadari iku. Meding salah siji slendange tak dhelek-ne”. (gumam jaka)

Ameh sore pitu bidadari wau ngrampungke adus. Wong wadhon seng ayu-ayu mau langsung damel klambi, damel slendang. Dhekwene banjur miber teng khayangan.

Akhire Jaka Tarub ngertos nek dhekwene bidadari sangking kayangan. ” Ah, pantes dhekwene ayu banget, tibake bidadari kayangan”. (ujar Jaka Tarub).

Salah sawijining wanita sing jenenge Nawang Wulang, ketok bingung goleki sawal (slendang), sementara keenem wadon liyane ajeng mabur teng khayangan.

” Aduh, endi slendangku ? Mau aku simpen ing pinggir telaga. Kepriye iki ? Nek slendangku ora ketemu, aku ora iso mulih ing khayangan”. (ujar Nawang Wilan ketok bingung).

Nawang Wulan tibake dulur kang paling enem sangking kepitu bidadari kasebut. Makayune wes podo miber neng khayangan, Nawang Wulan nangis misek-misek.

Nawang Wulan ngroso wedi amergi mboten kiyat urip teng dunia manungsa. Delengi kadadean kasebut, Jaka Tarub banjur nyedeki, damel ngajak kenalan lan nawari pitulung.

” Hai, ana apa kok Adinda nangis dewekan ing pinggir telaga ? Nami kula Jaka Tarub, kula tinggal ing deso cedek kene. Nopo enten seng saget tak bantu ?” (Jaka Tarup, etok-etok nawarne pitulung).

” Oh. aku kelangan slendang, dadose mboten saget wangsul teng khayangan”. (ucape Nawang Wulan).

” Oh, nek ngoten Adhinda angsal manggon ing omahku, tinimbang urip dewean ing jero alas. Mboten usah wedi, aku ajeng jagi-mu”. (ucape jaka tarub).

” Nggih nek ngoten, aku turu teng griane jenengan mawon”.  (Nawang Wulang, kepeksan nrima dhekwen, amergi mboten ngertos badhe nglakoni nopo malih.


Akhire Dewi Nawang Wulan ngnep ing daleme Jaka Tarub. Mboten dangu, banjur Jaka Tarub lan Nawang Wulan rabi lan urip seneng. Nopo malih Nawang Wulan mbobot banjur nglairne bayi wadon, seng diparingi jeneng Nawangsih.

Senajan urip seneng kalian anak lan bojone, Jaka Tarub wis suwe gumun, amergi lumbung pari gone dhekwene ora tau sudo malah nambah. Sabendinten bojone masak kanti mendet beras sangking lumbung parine, nanging lumbung parine mboten kelong sitik wae.

” Aku ora ngerti sebabe beras ora nate suda nanging sejatine saya tambah katah, senajan bojoku sabendino masak “. (gumam Jaka Kaheranan).

Nganti ngi sawijining dinten, garwane lagi masak nasi, nanging gadah keperluan ing kali. Banjur Nawang Wulan gadah pesen damel garwane supoyo njogo geni lan mboten angsal mbikak tutup kukusan sego.

” Kakang, aku masak sego, namung enten keperluan sedelo ing kali. Kakang, tulung jaganen genine, ampun ngantos mati utawa terlalu gedhe. Tulung jaganen Kakang, ojo ngampi mbikak tutup kukusane “. (Ature Nawang Wulan).

” iya, Kakang bakal njaga”. (ature Jaka Tarub sakwise bojone mungkur, lan bidal teng kali). Jaka Tarub ngraos penasaran kaleh pesen istrine, teng nopo kok mboten angsal mbikak tutup kukusan nasi.

Amergi ora bisa nahan roso penasaran, banjur Jaka Tarub mbikak kukusan nasi. Dhekwene ngroso kaget, amergi seng dikukus bojone namung enten sebutir beras.

” Aneh, bojoku namung masak sewiji beras. Pantesan lumbung pariku ora nate suda”. (kata Jaka Tarub dalam hatinya).

Nalikane nawang wulan bali sangking kali, dhekwene neen ing jero kukusan mung enten sebutir beras.

“Ing jero kukusan mung ana seglintir beras, tegese bojoku mau nglanggar larangan kasebut, lan mbukak kukusan niki”. (ucape Nawang Wulan).

Nawang Wulan tibake gadah kekuatan seng mboten diduweni manungsa biasa. Nawang Wulan bisa masak sebutir pari, dados sewakul sego. Akhire Nawang Wulan ngertos yen bojone mbukak kukusan kasebut.

Asile, kesaktian engkang diduweni Dewi Nawang Wulan engkang didelekne akhire musnah. Dadose sakniki Nawang Wulan gudu kerjo kaya manungsa biasa, kayata mumbuk pari, menampi ngantos masak beras nganti dadi sego. Selot suwe lumbung pari gone Jaka Tarub entek.


Sakwijining dina Nawang Wulan badhe mendet beras ing lumbung pari. Nanging sayange, mong anan titik pari seng kasedhiya. Nalika njupuk sisa-sisa beras, dumadakan muncul slendang sing wus suwe ilang.

Nawang Wulan akhire kelingan lan nesu ngerti sejatine bojone seng ndhelikne selendang kasebut. Nawang Wulan lansung ngagem slendang kasebut, banjur cepet-cepet nemono bojone.

“Bojoku. Amerga Kakanda mbukak tutup kukusan, kesaktianku dadi ilang lan damel lumbung pari katah dadi entek. Lan uga ternyata, kabeh wektu iki sampean ndhelikne selendangku. Kabeh iki rencanane sampian, nalika iki hubungan kita wis rampung, Aku bakal bali menyang khayangan”. (ujare NAwang Wulan).

“Nyuwun pangapunten bojoku. Aku ngakoni kabeh kesalahanku, nanging ora usah niggalke aku lan anakmu, Nawangsih”. (Jaka Tarub jaluk tulung teng bojone).

“Nyuwun sewu kakanda, aku gudu mulih teng khayangan. Tulung jaganen apik-apik anak kita, Nawangsih. Lan tulung Kakanda damelne dangau ing cedeke omah. Banjur dekekne Nawangsih saben bengi ing dangau. Aku bakal teko saben wengi damel nyusui Nawangsih, lan ojo ngintip pas aku nyusui Nawangsih”. (Nawang Wulan banjur miber neng khayangan).


Jaka Tarub rumangsa sedhih lan nyesel karo perbuatane dewe. Jaka Tarub langsung damel dangau ing cedeke umah. Lan sesuai kalian panjaluke bojone, dhekwene ndekek Nawangsih saben wengi ing dangau, supoyo disusui dateng Nawang Wulan.


UNSUR INTRINSIK 

Unsur intrinsik kang ana nang crita Jaka Tarub, yaiku :

·       Tema            ceroboh gawe petaka

·       Alur             Maju

·       Latar panggonan: Desa, Hutan, Umah, Telaga, Teras umah, Dapur.

·       Latar suasana  Seneng, Nelangsa

·       Sudut pandang  Wong katelu

·       Tokoh           Jaka Tarub, Dewi Nawang Wulan, Nawang Asih, Mbok Rondho

                    Tarub, Bidadari

• Penokohan       :

1. Jaka Tarub : nglomboni, ora njaga amanah, pitulung, Setia.

2. Mbok Rondho Tarub : Penyayang, Tulus, apik lakune. 

3. Nawang Asih : Setia. 

4. Bidadari : Egois. 

5. Nawang Wulan : Penyayang, Pekerja keras, Pemaaf

·      Amanat         Kabeh sing diumpetna bakal kebongkar. Mula dadi manungsa kudu duwe sipat jujur lan njaga amanah. Lan kudu bisa maafna marang sesama.

 

UNSUR EKSTRINSIK

·      Nilai Sosial     : Jaka Tarub nulung Nawang Wulan, lan Mbok Rondho Tarub

                   ngasuh Jaka Tarub sing dudu anak kandunge.

·      Nilai Moral     Jaka Tarub nglanggar amanah sekang Dewi Nawang Wulan

                   lan Jaka Tarub njikot selendang Nawang Wulan.

·      Nilai Ekonomi   Beras ing lumbung gari sitik.

·      Nilai Budaya    Nawang Wulan numbuk pari

 

Minggu, 23 Agustus 2020

TEKS CERITA CEKAK (CERKAK)

 

WULANGAN 2

TEKS CERITA CEKAK (CERKAK)

 

Ing wulangan iki bakal disinaui patuladhan kang becik lumantar karya sastra awujud cerita cekak (cerkak).

 

1. Pengertene Cerkak

Cerkak utawa cerita cekak yaiku crita sing cekak. Crita cekak diwaca mung sedhela terus rampung.

Crita cekak iku kang dumadi saka alur siji. Tegese paraga siji lan sijine nduwe masalah utawa konflik.

Crita iku dumadi adhedasar saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa. Sajroning kedadeyan iku ana paraga (pirang-pirang paraga) lan paraga iku nglakoni sawijine utawa rerangkening konflik utawa cecongkrahan. Cerkak iku tuturan kang ngandharake sawijining prastawa utawa kedadeyan.

 

2. Unsur Crita Cekak

Bab intrinsik ing cerkak (tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang lan konflik), wos surasane crita lan gawe ringkesan.

 

a. Tema

Tema iku minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang ndhasari lakuning crita.

 

b. Latar belakang/Setting

Setting iku minangka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya

 

c. Punjering crita (sudut pandang)

Punjering crita dibagi dadi 3, yaiku :

·      Pangrakite (penulis/pengarang) nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembung dhewe.

·      Pangrakite nggunakake sudut pandang paraga bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pangrakite biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).

·      Pangrakite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake lan ngerti.


d. Alur/Plot

Yaiku rerangkening kedadeyan ing crita. Alur dibagi dadi 2 yaiku alur maju lan alur mundur. Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedasar kronologi tumuju ing alur crita. Alur mundur yaiku dumadi kang ana sesambunge karo prastawa kang lagi dumadi.

 

e. Penokohan

Yaiku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku

 

f. Konflik

Yaiku perkara kang dadi punjere crita

Rabu, 12 Agustus 2020

NILAI-NILAI NOVEL BASA JAWA

 

3. Nilai-nilai kang kamot ing novel

a. Nilai sosial

Nilai sosial iki kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.

 

b. Nilai etik

Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa nguwongke pamacane.

 

c. Nilai hedorik

Nilai hedorik iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing sajroning crita.

 

d. Nilai spirit

Nilai spirit iki surasane bisa ngadepi sikep urip lan kapitayane pamaca. Mula pamaca duwe kapribaden kang pracaya marang dhiri pribadine dhewe.

 

e. Nilai koleksi

Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kapingin nduweni novel iku.

 

f. Nilai kultural

Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya.

 

4. Jinis Novel Hiburan

Novel hiburan iki minangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane saperangan gedhe mung gegambaran samar/fantasi penulise.

Novel hiburan uga nyritakake bab-bab kang endah, kayata katresnan, wewangunan endah, papan panggonan kang endah lan liyane.

Novel hiburan iki uga ngemot babagan komersial. Novel iki uga disenengi ning masarakat umume, saka bocah nganti tuwa.

a. Jinis novel hiburan, kayata :

·      Novel detektif

·      Novel roman

·      Novel misteri

·      Novel gotik

·      Novel kriminal

·      Novel fiksi ilmiah

 

b. Irah-irahan novel kang basa Jawa :

·      Priayi Abangan : Sapardi Djoko Pramono

·      Putri Tirtagangga : Any Asmara

·      Mungsuh Sandi : Basoeki Rachmat

·      Kelangan Satang : Suparto Brata

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...