Selasa, 28 Juli 2020

TEKS NOVEL BAHASA JAWA

WULANGAN 2

TEKS NOVEL BAHASA JAWA

 

Ing wulangan iki bakal disinau patuladhan kang becik lumantar karya sastra awujud novel.

 

1. Pengertene Novel

Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang popular. Kaya dene karya sastra crita liyane, novel iku ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Novel iku uga ngemot unsur-unsur intrinsic lan ekstrinsik kang sesambungan. Surasane novel iku ngemot nilai-nilai budaya, sosial, moral, pendidikan lan liyane.

 

2. Unsur-unsur Novel

a. Unsur Intrinsik

·      Tema

Yaiku minangka ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita novel

 

·      Setting

Yaiku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.

 

·      Punjering Crita (Sudut Pandang)

Sudut pandang dibagi dai 3, yaiku :

-       Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama)

-       Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita

-       Pengarang nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake lan ngerti.

 

·      Alur/plot

Yaiku dalane crita ing ana nang novel.

Alur dibagi dadi 2 yaiku alur maju lan alur mundur

 

·      Penokohan

Yaiku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, cirri fisike, lingkungane lan liyane.

 

·      Gaya bahasa

Yaiku gaya bahasa kang digunakake ing novel kasebut.

 

b. Unsur Ekstrinsik

Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang lan liyane.


GURU GATRA GURU LAGU GURU WILANGAN

GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN

 

v   GURU GATRA

Yaiku paugeran cacahing larik ana ing tembang saben sapadane (bait).

Tuladha :

1. Mingkar-mingkuring angkara

2. Akarana karenan mardi siwi

3. Sinawung resmining kidung

4. Sinuba sinukarta

5. Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

6. Kang tumrap ing tanah Jawa

7. Agama ageming aji

                                                      (Tembang Pangkur, Guru Gatra = 7)

 

v   GURU WILANGAN

Yaiku wewaton cacahing wanda saben sagatraning tembang. Wanda iku suku kata.

Tuladha :

Gatra 1.                        Ming   kar   ming   ku   ring   ang   ka   ra

Gr. Wilangan (ana 8)  =    1        2       3      4      5      6      7    8

 

Gatra 4.                        Si   nu   ba   si   nu   kar   ta

Gr. Wilangan (ana 7)  =   1    2     3    4    5     6     7

 

Gatra 5.                        Mrih  kre  tar  ta  pa  kar  ti  ning  il   mu   lu   hung

Gr. Wilangan (ana 12) =     1      2     3    4   5     6   7    8    9   10    11    12

 

v   GURU LAGU

Yaiku paugeran dhong-dhinging swara ing saben akhir gatrane tembang

Tuladha :

Tembang Pangkur

Guru Lagu

Mingkar-mingkuring angkara

a

Akarana karenan mardi siwi

i

Sinawung resmining kidung

u

Sinuba sinukarta

a

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

u

Kang tumrap ing tanah Jawa

a

Agama ageming aji

i

 

TULADHA TEMBANG PANGKUR :




Rabu, 22 Juli 2020

Tuladha Tembang Pocung


Tuladha Tembang Pocung

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Angkara gung neng angga anggung
Tri loka lekere kongsi
Gumulung gegolonganira
Yen den umbar ambabar dadi rubeda


Wimbuh Kawruh

Tembang pocung iku surasane bisa ngemot cangkriman.
Cangkriman yaiku unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude.
Cangkriman uga diarani badhekan.

Wujude cangkriman kaya ing ngisor iki, yaiku :
·      Awujud tembung wancahan (cekakan), tuladha :
-       Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
-       Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
·      Awujud pepindhan (emper-emperan), tuladha :
-       Sega sekepel dirubung tinggi : salak
-       Pitik walik saba kebon : nanas
·      Awujud plesedan utawa blenderan, yuladha :
-       Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
-       Mutung kesarung : lutung kasarung
·      Awujud sinawung ing tembang pocung, tuladha :
-       Bapak pocung cangkemu marep mandhuwur,
Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung muntah guwaya
(bathangane = klenthing)
-       Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kurha
(batangane = sepur)

Sabtu, 18 Juli 2020

SERAT WEDHATAMA


SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR

Serat wedhatama iku seni sastra tembang utawa kekidungan Jawa anggitane Mangkunegara IV.

Wedhatama ateges serat (tulisan/karya), wedha (ajaran), tama (kautaman/utama).

Wedhatama minangka ajaran luhur kanggo mbangun budi pekerti lan olah spiritual tumrap kalangan raja-raja Mataram, nanging uga diajarake kanggo sapa wae sing kepengen nganggo.

1.          Pengertene Tembang Pangkur
Miturut maknane tembang pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis keliwat umur kang wus ngungkurake babagan kadonyan.
Watake semangat, perwira : tegese kanthi temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora nganggu anggone urip. Artine wis menep, resik, ora grusa grusu.

2.         Pathokan Tembang Pangkur

Guru Wilangan
Guru Lagu
Guru Gatra
8
a
7
11
i
8
u
7
a
12
u
8
a
8
i

3.         Watak Tembang pangkur
Watake tembang pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan liyane.

4.         Makna Tembang Pangkur
Pangkur saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Pangkur iku maksude buntut. Karangane Kanjeng Sunan Muryapada.

5.         Wos kang kamot ing tembang Pangkur
·      Serat wedhatama ngajarake tuntunan moral ing babagan etika pribadi minangka pamangun karakter dhiri pribadi.
·      Ngajarake tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter ing babagan etika sosial.
·      Serat wedhatama ngajarake supaya aja tumindak kaya dene tumindake wong bodho, kang omongane ora karu-karuan lan ora tinemu nalar.
·      Serat wedhatama uga ngajarake tuntunan moraling babagan nembah mring Kang Maha Kuasa.

Senin, 13 Juli 2020

TEMBANG POCUNG

WULANGAN 1
TEMBANG POCUNG

Ing trap iki para siswa dijaluk nyinau lan mahami perangan-perangan kang ana sesambungane karo TEMBANG POCUNG. Ing antarane yaiku :

1. Pangertene Lan Maknane Tembang Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati. Watake sembrana, sakepenake. Manungsa sing wis mati, bakal lali karo kabehan, turune sapenake.

2. Pathokan Tembang Pocung

Guru Wilangan
Guru Lagu
Guru Gatra
12
u
4
6
a
8
i
12
a

3. Watak Tembang Pocung
Watake tembang pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu lan gawe seneng. Biasane dingo kanggo bab-bab kang ora serius (crita kang ngguyokake).

4. Wos kang kamot ing Tembang Pocung
a.   Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara.
Ing perangan liyane serat wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kapengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan.

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...