Rabu, 22 Juli 2020

Tuladha Tembang Pocung


Tuladha Tembang Pocung

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Angkara gung neng angga anggung
Tri loka lekere kongsi
Gumulung gegolonganira
Yen den umbar ambabar dadi rubeda


Wimbuh Kawruh

Tembang pocung iku surasane bisa ngemot cangkriman.
Cangkriman yaiku unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude.
Cangkriman uga diarani badhekan.

Wujude cangkriman kaya ing ngisor iki, yaiku :
·      Awujud tembung wancahan (cekakan), tuladha :
-       Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
-       Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
·      Awujud pepindhan (emper-emperan), tuladha :
-       Sega sekepel dirubung tinggi : salak
-       Pitik walik saba kebon : nanas
·      Awujud plesedan utawa blenderan, yuladha :
-       Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
-       Mutung kesarung : lutung kasarung
·      Awujud sinawung ing tembang pocung, tuladha :
-       Bapak pocung cangkemu marep mandhuwur,
Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung muntah guwaya
(bathangane = klenthing)
-       Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kurha
(batangane = sepur)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...