Minggu, 02 April 2023

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA

Teks Eksposisi

Teks eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep bab sawijininng objek, sabanjure pangreten pamaos bias mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulise iki bias ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi. Sumbering bisa saka asil pengamatan, panaliten, utawa pengalaman.

 

1.         Bab kang diinformasekake ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:

·      Data faktual;

·      Sawijining analisis utawa penapsiran obektif marang saprangkat fakta;

·      Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.


2.        Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon:

·      Kepriye sawijine pakaryan?

·      Kepriye sawijine dumadi?

·      Objek utawa bab iki klebu tahap kang endi?

·      Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap-tahap endi wae?


3.        Eksposisi kudu ngemut perangan-perangan kaya andharan iki.

·      Jlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan;

·      Mrelokake fakta kang diakuratke utawa dicethakake kang angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar, lan sapiturute;

·      Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta;

·      Nggoleki sumber ide saka: pengalaman, pengamatan, sikap, lan keyakinan.


4.        Pathokan panulise eksposisi.

·      Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.

·      Isi eksposisi ora duwe karep ngundang redaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.

·      Gaya eksposisi kudu infromatif lan nyakinake.

·      Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.

·      Ing eksposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pembuktian).

·      Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangertene pawongan marang objek kang dirembug.

·      Panulis eksposisi kudu ngerti prastawa kang diandharake.

·      Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.


5. Struktur teks eksposisi

-Tesis (pernyataan pendapat), bagian teks iki isine pernyataan pendapat kang penulis. Bagian iki bisa diarani uga bagian pembuka.

-Argumentasi, bagian teks kang isine alesan kang bisa memperkuat argumen kang penulis nganggo nguatake utawa nolak suatu gagasan.

-Reiteration (penegasan ulang pendapat), bagian teks iki isine penegasan ulang kang pendapat penulis.

GEGURITAN

Geguritan Yaiku Puisi Bahasa Jawa:

Miturut  Gaya  Bahasa  Perulangan  Pada  Antologi  Geguritan ”Garising Pepesthen” dening Nofita Handayani (2012), Subalidinata njlentrehaken, bilih: “Geguritan yaiku

iketaning  basa  kang  memper syair,  mula  ana  sing  ngarani  syair Jawa gagrag anyar.”

(Geguritan adalah    susunan    bahasa    seperti    syair    sehingga    ada    yang

mengatakannya sebagai syair Jawa cara baru).

 

 Sedangkan menurut Hadiwijaya, geguritan adalah:

“Golongane sastra  edi  (puisi)  cengkok  anyar,  wedharing  rasa edi,  kelair  basa  kang  laras  runtut  karo  edining  rasa,  nanging ora usah  kecancang ing  patokan-patokan,  wilangan  dhong-dhing  kang tetep tinamtu,  beda  banget  karo  sipating  tembang  macapat  lan sapanunggalane."

(Geguritan  adalah  golongan  sastra Jawa cara  baru  yang mengungkapkan  perasaan  senang,  ungkapan  bahasa  yang  sesuai dengan  keindahan  rasa  tetapi  tidak  berpedoman  pada  aturan  guru gatra,  guru  wilangan  dan  guru  lagu  tertentu  berbeda  dengan  sifat tembang macapat dan lain sebagainya”.

 

Melansir laman MIN Demangan, “geguritan yaiku salah  sijine jinis  karangan  sastra

Jawa sing  dikarang  kanthi nengenake  rasa kaendahan” (salah satu jenis karya sastra Jawa yang  disusun  oleh untuk dinikmati keindahannya).

 

Ana  2  jenis  geguritan,  yaiku  geguritan  gagrag  lawas  lan geguritan gagrag anyar. Geguritan gagrag lawas kaiket aturan baku kaya  dene  guru  lagu,  guru  gatra,  dan  guru  wilangan.  Basa  sing digunakake yaiku  Basa Jawa kuno  utawi  basa  Kawi.  Geguritan gagrag  lawas  iku wujude  kakawin, kidung,  utawa cakepan/syair-syair tembang macapat.

Dene,  geguritan  gagrag  anyar  ora kaiikat  aturan-aturan  baku.

Geguritan gagrag anyar nduweni struktur lan panganggo basa kang bebas.  Ugi  ana  sing  ditemokake nganggo  bahasa  asing  kaya  dene Bahasa Indonesia lan Bahasa Inggris.

 

a.   Geguritan

Puisi Jawa sing  biasa  diarani  geguritan  kaperang  dadi  loro yaiku:

1)  Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang. Puisi iki ditembangake miturut   lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional  ora  bisa  dipisahake kalawa tembang. Puisi tradhisional  kang  awujud  tembang Jawa akeh  banget  jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :

a)  Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)

Sing   kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung,  Asmaradana,  Mijil,  Maskumambang,  Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.

b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)

Sing  kalebuana  tembang  tengahan  yaiku: Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.

c)  Puisi tembang gedhe (kawi)

Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa.

b.  Puisi Jawa Modern diarani geguritan.

Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi Jawa sing isih anyar (antarane  tahun  1926)  jinising  puisi  iki durung  bisa  katampa bebrayan ana ing   masyarakat,   rikala semono.   Luwih-luwih golongan kasepuhan.   Mula   saka   kuwi   geguritan   iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan  sastra Jawa ing sekolah.

Geguritan  kaping pisan ana ing kalawarti lan ariwarti Kejawen  (pisanan thukul  tahun  1926  ing  Jakarta),  Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing Surabaya), Jaya Baya  (September  1945  ing  Kediri),  Panji  Pustaka  (1923  ing Jakarta,  lan wiwit  tahun  1943  nduweni  lembaran  khusus  basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalane. Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih geguritan iki  diakoni  lan  bisa  mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa.

 

Asile,  Subagiyo  Ilham  Notodijoyo nyoba ngumpulake  geguritan sing sumebar ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule Rerumpakan  (nyanyian).  Ananging,  naskah  iki ana sajroning revolusi  ilang.  Semana uga  kumpulan  geguritane dhewe  kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang.

 

Para  perintis  geguritan  liyane,  yaiku: R.  Intoyo,  Nirmala, Niniek  I.  N,  Khairul  Anam,  Joko  Mulyadi,  R.  Sumanto  Ampel, Purwadhi, lsp.

 

Saliyane  geguritan  ana  puisi Jawaliyane  kang  arupa parikan  lansingir.  Parikan kuwi  puisi Jawa kang  memper  lan duwe  ciri-ciri  kaya  pantun.  Dene singir utawa  syair  (bahasa Indonesia)  ya  nduweni  ciri-ciri  padha  karo  syair  ana sajroning kasusastraan Indonesia. Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir/nyemoni kahanan    urip    bebrayan ana sajroning masyarakat.  Saliya kuwi uga ndhuweni  unsur  ndidik/mulang wuruk  bab-bab  tertentu.  Ananging suwene-suwe  geguritan  iki nduweni teges  puisi  bebas.  Bebas  saka  iketaning  tembang  lan bebas nyritakake apa wae.


b. Unsur-Unsur Batin Geguritan

Unsur-unsur   kang   kinandhut ana sajroning   geguritan diarani unsur  batin.  Ing  ngisoriki  bab-bab  kang  kalebu unsur batin geguritan.

1)   Tema

Tegese punjeraning  bab  kang  ndadekake  geguritan kuwi dumadi.   Utawa gagasan   pokok   kang   dikarepake panulis/penyair.

Tuladha  tema:  sosial,  moral,  politik,  agama,  individu,  lan sapiturute.

2)   Rasa-Pangrasa

Tembung-tembung   kang   dianggo ana sajroning geguritan   nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake  rasa-pangrasa.  Rasa-pangrasa kuwi nduwe  sipat    rowalan    kompleks.    Sing    kalebu    rasa-pangrasa kayadene:  simpati,  empati,  antipati  sedhih,  susah,  seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.

3)  Nada/lagu

Tegese patrap  (sikap)  sing  digunakake ana sajroning geguritan.   Tuladha:   ngguroni, nuturi,   ngenyek,   muji, nyemoni, utawa patrap liyane.

4)  Suasana

Tegese kahanane  batin/jiwa  pamaos sawise maca geguritan.    Dadi,    geguritan    nduweni    tujuan    kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.

5)  Amanat kang dumunungana geguritan

Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos.  Amanat  kuwi ora tinulis kanthi  terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting   tembung-tembung.

Tuladha:

Donya Wis Lungse

Rini T Puspohardini

 

Muyeg

saemba pasar

Ala becik mapan digelar

Lamun luput nintingi

Ora mokal ati keplantrang

Kaya ngoyak playune ayang-ayang

Ndeder kang bisa dibayangake

Luwih ndeder kanyatane

Kekitrang Kaya prau kelangan layer

Wuta wektu, wuta dunung

Lumaku tanpa papan katuju

Apa sejatine ngaurip

Yen ta sakeh daya

Prasasat nglari susuhe angin

Esuk sore lan wengi

Dadi liturgi kang dilakoni

Tanpa ati Lan rasa ..........

Sansaya kangelan

Maca tandha-tandha Jaman

Segara wedhi

Sajake padha kelalen

Donya wis watara lungse

Kari ngenteni

Tancep kayone

 

Jaya Baya, Edisi 31/1 April 2006

Minggu, 25 April 2021

TEKS PANATACARA

 

WULANGAN 8

TEKS PANATACARA

 

1.      Pangertene Panatacara

Panatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka panatacara pambywara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC).

 Pranatacara kuwi sawijining paraga (wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale.

 

2.      Perangan teks panatacara

Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:

a.   Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.

b.  Puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad

c.   Sapa aruh. Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.

d.  Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.

e.  Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak

f.   Salam penutup.

 

3.      Unsur-unsur panatacara

Sarat Panatacara

Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:

a.   Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe

b.  Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini

c.   Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong

d.  Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.

e.  Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu

f.   Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa

g.  Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman

 

4.      Teknik maca panatacara

Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.

a.   Nggunakake pangucap kang trep

b.  Pamedhote ukara kang trep

c.   Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

d.  Ngreteni tandha wacan kanthi trep

e.  Swara kang cetha

f.   Ngatur alon lan cepete pamaca

g.  Ngolah treping mlebu wetuning napas

h.  Mahami wacan

i.    Percaya marang dhiri pribadi

 

5.      Tuladha Teks Panatacara

 

PAHARGYAN PENGANTEN

Ass. Wr. Wb

Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkat  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.

Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.

Dene  wigatosing  sedya,  Bapak…….sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha  nakmas…………, putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..

Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

a.    Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.

b.    Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.

c.    Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.

d.    Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.

e.    Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.

f.     Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.

Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agama  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.

TEKS EKSPOSISI

SENI PAGELARAN JAWA Teks Eksposisi Teks eksposisi  yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pama...